Kamis, 03 Desember 2015

SALOKA


SALOKA 
 
Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge. Tuladha Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha. Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane. Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan. Baladewa ilang gapite : Ilang kekuatane. Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kepinteran. Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil. Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe. Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon. Cecak nguntal empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet. Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi. Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe. Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enakake. Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur. Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara. Gajah ngidak rapah : Nerjang wewalere/janjine dhewe. Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban. Gong lumaku tinabuh : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang. Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake). Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang. Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake. Jaran kerubuhan empyak : Wis kapok banget. Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa. Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake. Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki. Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak. Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh. Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom. Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur. Kethek saranggon : Sagrombolan wong tumindak ala. Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan ala. Kriwikan dadi grojogan : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe). Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya. Lahang karoban manis : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene. Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu. Legan golek momongan : Kepenak malah golek rekasa. Opor bebek mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe. Palang mangan tandur : Dipercaya malah gawe rusak Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane. Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar