Kamis, 03 Desember 2015

BEBASAN

BEBASAN 
 
Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong. Tuladha Adol lenga kari busik : Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah ora keduman. Aji godhong jati aking (garing). : Asor banget, ora ana ajine. Ancik-ancik pucuking eri : Uripe tansah kuwatir. Anggenthong umos : Ora bisa nyimpen wadi. Angon ulat ngumbar tangan : Ngulatake kahanan jalaran arep gelem rekasane. Arep jamuare emoh watange : Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane. Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi ananging isih kurang trima, njaluk maneh. Dikena iwake aja nganti bitheg banyune : Kaleksanan panjangkane nanging ora gawe kapitunan. Emban cindhe emban siladan : Ora adil (pilih kasih). Esuk dhele sore tempe : Ora teteg atine, gampang molah malih. Gawe luwangan ngurugi luwangan : Golek utangan kanggo nyaur utang. Golek-golek ketanggor wong luru-luru : Golek utangan malah diutangi. Gupak pulud ora mangan nangkane : Melu rekasa ora ngrasakake kepenake. Njagakake endhoge si blorok : Njagakake barang kang durug mesthi ana. Kadang konang : Sing diaku sedulur mung sing sugih. Ketepang ngrangsang gunung : Gegayuhan sing mokal bisane kelakon jalaran kegedhen pejangka/kekarepan. Kaya banyu karo lenga : Paseduluran sing ora bisa rukun. Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong nanging ora ana nyatane. Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan kang gedhe. Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhen panjangka kurang srana. Kajugrugan gunung menyan : Oleh kabegjan kang gedhe. Kekudhung walulang macan : Tumindak kanthi aling aling wong duwe panguwasa. Kerot tanpa untu : Duwe kakarepan ora duwe sarana. Kerubuhan gunung : Nemu kesusahan. Kongsi jambul wanen : Nganti tuwa banget. Madu bolu tanpa isi : Rebutan barang sepele. Mrojol selaning garu : Wong kang luput saka bebaya. Nglungguhi klasa gumelar : Mung kari nemu kepenake. Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem. Nguthik-uthik macan dhedhe : Gawe nesu wong kang wis lilih atine. Nguyahi segara : Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna. Nututi layangan pedhot : Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane. Nyugokake bugel kayu sempu : Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih sedulur. Othak athik didudut tugel : Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane. Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa. Pandengan karo srengenge : Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa. Rebut balung tanpa isi : Padudon jalaran barang sepele. Rindhik asu digitik : Nindakake pegawean kang cocog karo karepe. Sandhing kebo gupak : Cedhak karo wong ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni. Sedhakep angawe-awe : Ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni. Suduk gunting tatu loro : Nindakake pegawean sawarna, ananging asile luwih saka siji. Wis kebak sundukane : Wis akeh banget dosa kaluputane. Yiyidan mungging rampadan : Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar