PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Tuladha Adigang, adigung, adiguna : Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran. Ana catur mungkur : Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala. Angon mangsa : Golek wektu kang becik/ prayoga. Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak. Becik ketitik ala ketara : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine. Busuk ketekuk pinter keblinger : Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka. Ciri wanci lelai ginawa mati : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati. Cincing-cincing maksa klebus : Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh. Criwis cawis : Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe. Dahwen ati open : Nyacad nanging duwe pamrih. Desa mawa cara, negara mawa tata : Saben panggonan duwe cara dewe. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal dibelani. Durung pecus keselak besus : Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan warna-warna. Entek amek kurang golek : Ngunek-unekake wong sakatoge. Garang-garing : Katone sugih nanging sejatine kacingkrangan/kekurangan Njajah desa milang kori : Lelungan tekan ngendi-ngendi Jalukan ora wewehan : Seneng njaluk ora gelem menehi Jer basuki mawa beya : Gegayuhan kudu nganggo ragad. Njunjung ngentebake : Ngalembana ananging niyate ngasorake. Kalah cacak menang cacak : Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane. Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi. Keplok ora tembok : Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake ragad. Ketula-tula ketali : Uripe ngrekasa banget. Kumenthus ora pecus : Umuk ananging ora sembada. Maju tatu mundur ajur : Prakara kang sarwa gawe ewuh. Mbuwang tilas : Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni. Mikul dhuwur mendhem jero : Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa. Nabok nyilih tangan : Tumindhak ala sarana kongkonan. Nyolong pethek : Mleset saka pambatange. Pupur sadurunge benjut : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka. Rawe-rawe rantas : Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake. Rukun agawe sentosa : Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih. Sabaya mukti sabaya mati : Rukun nganti tumekaning pati. Sepi ing pamrih rame ing gawe : Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih. Sing sapa salah seleh : Sapa sing salah bakal konangan. Sura dira jayaningrat lebur : Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening tumindak becik. Tega larane ora tega patine : Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan. Tinggal glanggang colong playu : Ninggalake papan pasulayan, peperangan. Tulung menthung : Katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi. Tuna sathak bathi sanak : Rugi bandha nanging bathi pasuduluran. Ulat madhep ati karep : Wis mantep banget kekarepane. Undhaking pawarta sudane kiriman : Kabar iku beda karo nyatane. Welas tanpa alis : Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan. Yitna yuwana lena kena : Sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal nemu cilaka.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar